Banjir Tertinggi di Pekalongan - The World Worst Flood in Pekalongan

Iki isu banjir limolas meter neng Kalongan.

This is flood news gossip in Pekalongan

Ono wong wadon seng bojone kerjo neng Semarang, la lanange kui mau nek muleh sewulan mung sepisan tog, kuwi be mung pirang dino tog neng omah. La iki wes meh patang wulan nde'an lanange ora tau muleh, jare kerjone pating pontal, lan kudu dilembur mben dino. Wong wadone jan'e rodok curigo nek lanange ki mau nduwe genda'an anyar neng Semarang. Tapi yo kuwi mau, si wong wadon iki ora duwe bolo seng iso ngerewangi ndengoki bojone.

There was a woman in Pekalongan who have a husband living and work in Semarang which haven't going home for several months. She suspected her husband had a mistress, but she can't prove it.

La ndilalah Kalongan banjir, amergo udane ora mendek-mendek.
Gagiak bae si wong wadon mau SMS bojone seng neng Semarang.

Amd one day, because a bad heavy rain, floods came suddenly in Pekalongan.
So she messaging her husband immediately.

*Mas - Kalongan banjir Rong METER - muleh'o*

*Honey, the flood was 2 meters deep , please come back home*

Si Mas'e seng neng Semarang, ora njujug percoyo karo bojone, deen'e nglingok internet, la jebule ngon'e omahe de'en seng neng Kalongan ki ora banjir babar blas. Ngon liyone seng banjir yo mentok mung sak meter otog. Bar ngono ora kokuwe tog, mas-mas mau yo ngebeli koncone seng uripe cedak omahe seng neng Kalongan.
"Gareng reng" jare bolone seng neng Kalongan.

Her husband in Semarang checking the internet immediately and call his friend in Pekalongan also, but he found nothing about the 2 meters flood in Pekalongan. Just around 1 meter, and it's also not in his district.
*Nduk, ngapusi kowe, pak luru goro-goro pok, banjir rong meter seko ndi? wes tak cek'i rak ono leh seng rong meter, Njalug di tempiling pok?*
Si mas-mas mau mbalesi SMS-e bojone karo rodok nesu ke'ra.

*Did you make fool with me? wanna have a slap in your face?*
He replied his wife text in anger.

Si Wong wadon mau keweden ngerti bojone mangkel amergo deen'e konangan ngapusi. Njur gagiang si wong wadon kui mbalesi bojone sak onone...

The woman is afraid because her husband know the truth. And reply his husband quickly.

*Wes Limolas Meter saiki mas, iki nang ngeboom og -hehehe*
*Now the flood is 15 meters deep, but in Pasir Kencana Beach -jajaja*


Selamat Natal dan Tahun Baru dalam Bahasa Pekalongan - How To Say Merry Christmas And Happy New Year in Pekalongan Language


Neng wulan Desember ono telung dino seng dirayake...

Seng kesiji yaiku - Dinone Simbok tanggal Rong Puloh Loro Desember (22 December)

Nek pak nylameti nganggo Bahasa Indonesia ngomonge "Selamat Hari Ibu"
La nek Njowone "Sugeng Dinten Ibu"
La nek Nginggris "Happy Mother's Day"


La nek Boso Kalongan'e?
"Mah, Dinomu Kie Ho!"
(Mamah: "Halah leee, leee.. ngango slamet-slametan no mbarang, kowene ke' ra' kokehan petingkah be mamahe wes senenge POK leee, leee!!")

Seng keloro, pas tanggal Selawe Desember (25 December)

Nek nganggo EYD (Ejaan Yang Disempurnakan), ngomonge "Selamat Hari Natal"
Nek miturut Kamus Pepak Boso Jowo, ngendikane "Sugeng Riyagung Natal"
La nek nganggo Boso Londo "Merry Christmas"

La nek nyocot nganggo Boso Kalongan?
"Met Natal HO!!!"
~yo mung ko'ngono tok...
La nek seng ngomong Sinterklas? Met Natal HO... Ha'a hO'... Ha'a Pok


Bar ngono seng ketelu, pas entek-entekan taon, yo nganggone taon Masehi raaa' dudu Hijriyah, dadi biasane tanggal Telung Puloh Siji Desember (31 December) wes keno ngerayak'ake..

Nek sesuai orde baru, ngomonge "Selamat Tahun Baru"
La menawi midherek Kridha Basa Jawa, mature "Sugeng Warsa Enggal"
La nek nganggo bosone David Beckham, mbacote "Happy New Year"

La genten Boso Kalongene, kepriwe?
"Taun Barunan Kie Lehhh'!"
~taon anyar, klambi anyar, suwal anyar, genda'an anyar, bojo anyarrr...

Seng iki ngo tambahan tok si' , la nek pak ditung' seng kepapat yo pak ora Ooo' , Bebasss'!!

Nek neng wulan Desember ono dino seng kecepit dijenengi Hari Kecepit Nasional alias Harpitnas..
Iki keno dirayak'ake, keno ora, la tapikno preinan mosok kowene ke' ora seneng mbok'an? Ha'a pok? La dirayak'ke puo' sio'..

Nek nganggo Bahasa resmi negoro ngomonge "Selamat Liburan Bray"
Umpami ngagem Basa Jawi, cekap kandha "Sugeng Prei Punika Dab!"
La nek pak umuk sitik nganggo Inggris, ngomong ae "Happy Holidays Layyy'"

Lha nek tiru-tiru EKYD (Ejaan Kalongan Yakinpuo' [yang] Diplinter'ake), ngomonge
"Rasah' Kokean Colo Nyong'e La Wong Wes Prei Dewe Oggg'!"

Oio seng iki mung ono neng taon Rong Ewu Rolas otog...
Yainu, tanggal Rong Puluh Siji Desember Rong Ewu Rolas (21 December 2012)... seng sakjane kiamat tapi ora sido, la keno dislameti nek gelem...

Nek niate nylameti nganggo Indo Bae, ngomonge "Selamat Hari Kiamat"
Upomo ngangge Boso Wayangan, ndalange "Sugeng Rawuh Kiamat"
La menowo apak kemliti ngango TOEFL'e rupamu seng pas-pasan, ngemboro' "Happy Armageddon Day"

La nek coro Kalongane, njeplak'o raimu seng seru

"Pak Kiamat, Pak Orak, Orak Pak Urus Nyong!!!"