Selamat Natal dan Tahun Baru dalam Bahasa Pekalongan - How To Say Merry Christmas And Happy New Year in Pekalongan Language


Neng wulan Desember ono telung dino seng dirayake...

Seng kesiji yaiku - Dinone Simbok tanggal Rong Puloh Loro Desember (22 December)

Nek pak nylameti nganggo Bahasa Indonesia ngomonge "Selamat Hari Ibu"
La nek Njowone "Sugeng Dinten Ibu"
La nek Nginggris "Happy Mother's Day"


La nek Boso Kalongan'e?
"Mah, Dinomu Kie Ho!"
(Mamah: "Halah leee, leee.. ngango slamet-slametan no mbarang, kowene ke' ra' kokehan petingkah be mamahe wes senenge POK leee, leee!!")

Seng keloro, pas tanggal Selawe Desember (25 December)

Nek nganggo EYD (Ejaan Yang Disempurnakan), ngomonge "Selamat Hari Natal"
Nek miturut Kamus Pepak Boso Jowo, ngendikane "Sugeng Riyagung Natal"
La nek nganggo Boso Londo "Merry Christmas"

La nek nyocot nganggo Boso Kalongan?
"Met Natal HO!!!"
~yo mung ko'ngono tok...
La nek seng ngomong Sinterklas? Met Natal HO... Ha'a hO'... Ha'a Pok


Bar ngono seng ketelu, pas entek-entekan taon, yo nganggone taon Masehi raaa' dudu Hijriyah, dadi biasane tanggal Telung Puloh Siji Desember (31 December) wes keno ngerayak'ake..

Nek sesuai orde baru, ngomonge "Selamat Tahun Baru"
La menawi midherek Kridha Basa Jawa, mature "Sugeng Warsa Enggal"
La nek nganggo bosone David Beckham, mbacote "Happy New Year"

La genten Boso Kalongene, kepriwe?
"Taun Barunan Kie Lehhh'!"
~taon anyar, klambi anyar, suwal anyar, genda'an anyar, bojo anyarrr...

Seng iki ngo tambahan tok si' , la nek pak ditung' seng kepapat yo pak ora Ooo' , Bebasss'!!

Nek neng wulan Desember ono dino seng kecepit dijenengi Hari Kecepit Nasional alias Harpitnas..
Iki keno dirayak'ake, keno ora, la tapikno preinan mosok kowene ke' ora seneng mbok'an? Ha'a pok? La dirayak'ke puo' sio'..

Nek nganggo Bahasa resmi negoro ngomonge "Selamat Liburan Bray"
Umpami ngagem Basa Jawi, cekap kandha "Sugeng Prei Punika Dab!"
La nek pak umuk sitik nganggo Inggris, ngomong ae "Happy Holidays Layyy'"

Lha nek tiru-tiru EKYD (Ejaan Kalongan Yakinpuo' [yang] Diplinter'ake), ngomonge
"Rasah' Kokean Colo Nyong'e La Wong Wes Prei Dewe Oggg'!"

Oio seng iki mung ono neng taon Rong Ewu Rolas otog...
Yainu, tanggal Rong Puluh Siji Desember Rong Ewu Rolas (21 December 2012)... seng sakjane kiamat tapi ora sido, la keno dislameti nek gelem...

Nek niate nylameti nganggo Indo Bae, ngomonge "Selamat Hari Kiamat"
Upomo ngangge Boso Wayangan, ndalange "Sugeng Rawuh Kiamat"
La menowo apak kemliti ngango TOEFL'e rupamu seng pas-pasan, ngemboro' "Happy Armageddon Day"

La nek coro Kalongane, njeplak'o raimu seng seru

"Pak Kiamat, Pak Orak, Orak Pak Urus Nyong!!!"


2 komentar:

  1. hehehe .. semoga blognya di update terus ya :)

    BalasHapus
  2. Koq boso kalongane rolikur koq rong puluh loro..???? trus boso selikur dadi rong puluh siji??? Mang wez ganti pok lhehhh???hehehe... boso kalongan unik n nyentrik. Bangga dedi wong kalongan!!

    BalasHapus